Selasa, 14 Mei 2013

BAHASA JAWA-PIDATO



Nama         : Erik Pratomo
Kelas                   : XI IPA 2
No. Absen : 11
Assalamualaikum Wr. Wb
Ingkang kinurmatan Bapak Gubernur saha Wakil Jawa Tengah Bapak Bibit Waluyo lan Ibu Rustriningsih. Ingkang pantes sinudarsana Bapak utawi Ibu Camat saben Dusun, sarta para hadirin ingkang saha kinurmatan. Sumangga kita sareng-sareng ngujakaken Puji Syukur dhumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito sedoyo nikmat sehat saengga kita saged makempal wonten papan menika kanthi bagas waras kalis ing rubeda.
Sakderengipun kula aturaken Matur Nuwun panjenengan sedoyo sampun nyempetakken wekdalipun kagem makempal wonten papan menika. Para rawuh, kito sedoyo sampun mangertosi babagan kutha Pemalang punika kathah papan pariwisata ingkang apik lan endah, tuladhanipun “Cempaka Wulung, Moga”- “Pantai lan Widuri Waterboom” -“Zatobay Waterboom” - “Pantai Nyamplung Petarukan”- “Curug Bengkawah”- “Goa Lawa” lan sapanunggalipun.
Nanging, sajatosipun kathah papan wonten kutha Pemalang ingkang jumbuh  dipundadosaken papan pariwisata, tuladhanipun Redi gajah. Redi gajah iku pantes utawi jumbuh kagem wisata Pendhakian. Turis utawi masyarakat lokal saged nyaluraken bakat pendhakian Redi. Sapanunggalipun, Taman Makam Penggarit. TM Penggarit iku uga jumbuh kagem Wisata kaliyan ngarungi sisi mistik utawi misteri. TM Penggarit dipunrapikaken malih supadhos langkung sae lan panthes kagem papan wisata misteri utawi mistik.
Sajatosipun kathah papan sapanunggaling wau, nanging kito sedoyo kudhu nilik kahanan wonten papan kasebat. Wonten masalah kasebat, Bapak lan Ibu Gubernur dipunsuwun kagem resmikaken papan wisata kalawau. Bapak utawi Ibu camat  uga kathah peranan wigati yaiku papan wonten kecamatan  menika angsal dipundadosaken papan wisata lan proposal persetujuan. Papan wisata iku saged maringi Pendhapatan Kutha lan Propinsi. Kito temtu ngertos, Kutha Bali. Kutha ingkang kathah papan wisata kang dipunminati Turis utawi masyarakat Indonesia. Kutha Bali kathah Pendapatan ingkang biso dipunagem kagem mbangun kutha supadhos langkung sae. Kito, pemimpin Kutha Pemalang temtu pingin kahanan wonten Bali wau, inggih?
Tanpo kerjasama lan usaha saking kito Pemimpin Kutha Pemalang lan Propinsi Jawa Tengah, mboten bakal maju Pemalang. Kito kedhah nyatu lan usaha kagem kemajuan kutha Pemalang. Pemalang maju, iku harapan kathah masyarakat Pemalang. Cekap sementen, pidato kula wonten adicara menika.
Kupat Siniram santen
Wonten lepat nyuwun Pangapunten

Wassalamualaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar